11 Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake -- aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane --
12 supaya aku kang sadurunge wus padha duwe pangarep-arep tumrap Sang Kristus, kepareng dadi srana panggunggunging kaluhurane.
13 Ana ing Panjenengane kowe kabeh, -- awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon -- iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.
14 Dene Roh Suci iku kang dadi tanggunganing bagean kita nganti kita padha tampa sakabehe, yaiku tetebusan kang minangka srananing kita dadi kagungane Gusti Allah, supaya pinujia kaluhurane.
15 Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci,
16 ora kendhat anggonku caos sokur marga saka kowe kabeh. Lan aku tansah ngelingi kowe sajroning pandongaku,
17 supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.