1 Yaiku sababe aku iki, Paulus, wong kang dikunjara marga saka Sang Kristus Yesus kanggo kowe wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,
2 -- kowe rak wus padha krungu mungguh ayahaning sih-rahamate Gusti Allah, kang kapitayakake marang aku marga saka kowe kabeh,
3 yaiku srana wahyu anggonku wus kasumurupake ing wewadi, kaya kang wus daktulis ing dhuwur kanthi ringkes.
4 Yen kokwaca, kowe bisa sumurup mungguh pangretenku bab kekeraning Sang Kristus,