10 supaya saiki kabeh sawernaning kawicaksanane Gusti Allah disumurupake marang para pamarentah lan para panguwasa ing swarga dening pasamuwan,
11 laras karo karsane kang langgeng, kang wus katindakake ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.
12 Ana ing Panjenengane kita oleh kakendelan lan dalan sowan menyang ing ngarsane Gusti Allah kalawan sumendhe babar pisan marga saka pracaya kita marang Panjenengane.
13 Mulane panjalukku marang kowe kabeh, aja nganti padha cilik atimu nyawang marang kasangsaranku marga saka kowe, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.
14 Iya iku mulane aku jengkeng sujud ana ing ngarsane Sang Rama,
15 kang dadi asale sebutane kabeh turun kang ana ing swarga lan ing bumi.
16 Aku ndedonga, supaya Panjenengane saka gunging kamulyane nguwatake lan nyantosakake kowe dening Rohe ing batinmu,