2 -- kowe rak wus padha krungu mungguh ayahaning sih-rahamate Gusti Allah, kang kapitayakake marang aku marga saka kowe kabeh,
3 yaiku srana wahyu anggonku wus kasumurupake ing wewadi, kaya kang wus daktulis ing dhuwur kanthi ringkes.
4 Yen kokwaca, kowe bisa sumurup mungguh pangretenku bab kekeraning Sang Kristus,
5 kang ing biyen-biyene ora dakwartakake marang anak-anake manungsa, nanging kang saiki kawedharake marang rasul-rasul lan nabi-nabine Gusti kang suci marga dening Roh,
6 yaiku manawa wong-wong dudu Yahudi marga saka Pawarta Injil, melu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta melu duwe panduman ana ing prasetyan kang kaparingake ana ing patunggilane Sang Kristus Yesus.
7 Aku wus dadi paladene Injil iku manut peparinge sih-rahmate Gusti Allah kang kaganjarake marang aku cundhuk karo makaryane panguwaose.
8 Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,