1 Awit saka iku padha nulada marang Gusti Allah, dikaya putra-putra kang kekasih
2 lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.
3 Nanging mungguh laku jina lan sarupane pratingkah rusuh utawa kamurkan iku aja nganti sanadyan munga kasebut bae ana ing antaramu, kaya kang pantes tumraping para suci.
4 Samono uga aja ngucap kang saru-saru, clemang-clemong utawa geguyon sembranan -- marga iku kabeh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa sokur.
5 Awit padha dieling temenan bab iki: ora bakal wong kang laku jina, wong kang najis utawa wong kang kebak kamurkan, yaiku kang nyembah brahala, oleh panduman ana ing kratoning Sang Kristus lan Gusti Allah.