3 Nanging mungguh laku jina lan sarupane pratingkah rusuh utawa kamurkan iku aja nganti sanadyan munga kasebut bae ana ing antaramu, kaya kang pantes tumraping para suci.
4 Samono uga aja ngucap kang saru-saru, clemang-clemong utawa geguyon sembranan -- marga iku kabeh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa sokur.
5 Awit padha dieling temenan bab iki: ora bakal wong kang laku jina, wong kang najis utawa wong kang kebak kamurkan, yaiku kang nyembah brahala, oleh panduman ana ing kratoning Sang Kristus lan Gusti Allah.
6 Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakake bebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.
7 Marga saka iku aja nganti kowe kekancan karo wong-wong iku.
8 Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang,
9 marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran,