7 Marga saka iku aja nganti kowe kekancan karo wong-wong iku.
8 Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang,
9 marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran,
10 lan titi-priksanen apa kang dadi keparenging Gusti.
11 Aja melu-melu marang pratingkahe pepeteng kang ora metokake woh apa-apa. Nanging kosokbaline iku welehna.
12 Awit mung ngucapake bae mungguh apa kang katindakake dening wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wus jeneng saru.
13 Nanging samubarang kang wus kawelehake dening pepadhang iku dadi kelair, awit kabeh kang kelair iku katon padhang.