1 He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.
2 Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --
3 supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.
4 Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.
5 He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,