1 Sawuse mangkono, bareng wus luwih saka patbelas taun, aku menyang Yerusalem maneh karo Barnabas, dene Titus uga dakajak.
2 Anggonku mrana mau awit saka kaparingan wangsit. Lan sadulur-sadulur ing kono padha dakkandhani bab Injil kang dakwartakake ana ing antarane para bangsa dudu bangsa Yahudi -- sajroning rerembugan dhewekan karo para kang kajen keringan --, supaya aja nganti tanpa gawe anggonku mbudi-daya lan wus mbudi-daya iku.
3 Nanging Titus kang bebarengan karo aku iku, sanadyan ta wong Yunani, ewasamono ora dipeksa tetak.
4 Pancen ana pandhesek saka sadulur-sadulur palsu kang padha nyusup mlebu, yaiku kang nyusup saprelu ngulat-ulatake kamardikan kita kang kita duweni ana ing Sang Kristus Yesus, supaya kanthi mangkono padha bisa ngawulakake kita.
5 Nanging sathithik bae aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk marang wong-wong mau, supaya kayektene Injil bisa tetep ana ing kowe.
6 Lan mungguh para wong kang kaanggep kajen keringan iku -- kapriye mungguh kelenggahane biyen, iku ora prelu tumrap aku, sabab Gusti Allah ora mawas wong kang kajen iku ora mbubuhi apa-apa maneh marang aku.
7 Nanging kosokbaline, sawuse wong-wong iku padha ngreti manawa aku wus dipracaya martakake Injil marang wong-wong kang ora tetak, padha kaya Petrus kanggo wong-wong kang tetak