1 Kang dakarepake mangkene: Sajrone ahli waris durung diwasa, ora ana bedane sathithik-sathithika karo batur tukon, sanadyan ta iku kang nduweni samubarang kabeh.
2 Nanging kawengku ing emban lan pamomong nganti tumeka ing wektu kang wus ditemtokake dening bapakne.
3 Samono uga kita: Sajrone durung diwasa kita tetep kawengku uga dening para rohing jagad.
4 Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,
5 prelu nebus kabeh kang padha kawengku ing angger-anggering Toret, supaya kita bisa katrimah dadi putra.
6 Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”
7 Dadine kowe kabeh iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku uga padha dadi ahli-waris marga saka Gusti Allah.
8 Biyen , nalika kowe durung wanuh marang Gusti Allah, kowe ngawula marang allah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.
9 Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?
10 Kowe padha netepi dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadene taun-taun.
11 Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.
12 Para sadulur, panjalukku marang kowe, kowe padha dadia kaya aku, sabab aku uga wus dadi padha kaya kowe. Durung tau kowe kaluputan marang aku.
13 Kowe padha sumurup, manawa aku martakake Injil marang kowe kang sapisanan iku sabab awakku lara.
14 Sanadyan kaya mangkono kaanane awakku, kang dadi pacoban kanggo kowe kabeh, ewadene ora kokanggep kaya barang kang ina lan kang njijiki, nanging kowe wus padha nampani aku padha kaya nampani malaekate Gusti Allah, malah padha kaya nampani Sang Kristus Yesus piyambak.
15 Kaya apa begjamu nalika samana! Lan saiki ana ngendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa nekseni mungguhing kowe, yen bisaa mangkono, kowe wus padha nyuplaki mripatmu, kokwenehake marang aku.
16 Apa aku banjur dadi satrumu, marga aku mratelakake bab kayekten marang kowe?
17 Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi narik kowe, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepe bakal ngetokake kowe, supaya kowe ngeloni marang wong-wong mau kalawan tumemen.
18 Pancen becik manawa wong kalawan sregep ngudi nenarik wong liya ing bab-bab kang becik, anggere terus mangkono, lan ora mung yen aku lagi ana ing antaramu bae.
19 He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.
20 Kaya apa kangenku kapengin ana ing tengah-tengahmu ing wektu iki lan banjur bisa rerembugan kalawan swara seje, awit aku wus kentekan akal ing ngatase kowe iku.
21 Coba kandhaa marang aku, he kowe kang padha kapengin urip kawengku ing angger-anggering Toret, apa kowe padha ora ngrungokake angger-anggering Toret?
22 Rak ana tulisan, yen Rama Abraham iku kagungan putra loro ta, kang siji saka abdi lan sijine saka wanita mardika?
23 Nanging putra saka abdi iku miyose manut tata daging dene putra saka wanita kang mardika iku awit saka pracaya.
24 Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loro iku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kang asale saka gunung Sinai lan anak-anak padha batur tukon iku, yaiku Ibu Hagar --
25 Ibu Hagar iku yaiku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yerusalem kang saiki, urip ing pangawulan saanak-anake.
26 Nanging Yerusalem kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita.
27 Awit ana tulisan:“Bebungaha, he wong gabug kang ora tau nglairake!Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojone, bakal duwe anak luwih akeh tinimbang kang duwe bojo.”
28 Lan kowe para sadulur, kowe padha kaya Rama Iskak padha dadi putraning prasetyan.
29 Nanging padha kaya biyen, kang kalairake tata daging, nguya-uya marang kang kalairake tata Roh, samono uga saiki iki.
30 Nanging kapriye surasane nas Kitab Suci? “Tundhungen batur wadon iku saanake, sabab anake batur wadon iku ora bakal melu kapanduman warisan karo anake wanita kang mardika iku.”
31 Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anake batur wadon, nanging padha dadi putra-putrane wanita kang mardika.