1 Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.
2 Satemen-temene, aku, Paulus pitutur marang kowe: Manawa kowe tetak, Sang Kristus bakal ora migunani babar pisan tumrap kowe.
3 Sapisan maneh dakpituturake marang saben wong kang tetak, manawa wong iku wajib nglakoni sakabehing angger-anggering Toret.
4 Kowe dadine uwal saka Sang Kristus, manawa kowe ngarah kaanggep bener marga saka angger-anggering Toret; kowe urip ing sajabaning sih-rahmat.
5 Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti marang kabeneran kang kita arep-arep.
6 Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.
7 Biyen anggonmu lumayu iku becik. Sapa ta kang ngalang-alangi kowe, satemah kowe banjur ora manut ing kayekten maneh?
8 Pangrimuk supaya ora manut maneh iku ora saka ing Panjenengane, kang nimbali kowe kabeh.
9 Ragi sathithik wus bisa rumasuk ing jladren kabeh.
10 Ana ing Gusti aku yakin mungguh ing kowe, manawa kowe ora nduweni pikiran liya kajaba pikiran iki. Nanging sapa kang ngisruhake kowe, iku bakal nyangga paukumane, sanadyan sapa bae wong iku.
11 Lan maneh, tumrap aku, sadulur-sadulur, manawa aku isih martakake bab tetak, geneya aku isih dikuya-kuya? Sabab yen mangkono, dadi sandhungan kang marga saka salib iku wus kasingkirake.
12 Becike wong-wong kang padha nggegerake kowe iku padha ngebiria awake pisan bae!
13 Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.
14 Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”
15 Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes.
16 Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.
17 Awit pepenginane daging iku nyulayani marang Roh lan karsane Roh iku nyulayani marang daging -- awit sakarone padha lelawanan -- temahan kowe saben-saben ora nindakake apa kang kokkarepake.
18 Ananging manawa kowe padha masrahake awakmu supaya dituntun dening Roh, mesthi kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret.
19 Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,
20 nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,
21 drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.
22 Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,
23 alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku.
24 Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.
25 Manawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun dening Roh
26 lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.