17 Nanging manawi kita piyambak ing salebeting ngudi supados kaanggep leres wonten ing Sang Kristus punika nyatanipun tiyang-tiyang dosa, punapa punika lajeng ateges bilih Sang Kristus punika dados paladosing dosa? Babar pisan boten.
18 Awit manawi kula mbangun malih punapa ingkang sampun kula risak, punika kula ngatingalaken manawi kula punika nerak angger-anggering Toret.
19 Awit kula sampun pejah margi saking anggger-anggering Toret kangge angger-anggering Toret supados kula gesang kagem Gusti Allah. Kula sampun ndherek kasalib kaliyan Sang Kristus,
20 nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.
21 Kula boten nampik sih-rahmatipun Gusti Allah. Awit saupami wonten kaleresan amargi saking angger-anggering Toret, sedanipun Sang Kristus punika tanpa gina.