3 Nanging Titus kang bebarengan karo aku iku, sanadyan ta wong Yunani, ewasamono ora dipeksa tetak.
4 Pancen ana pandhesek saka sadulur-sadulur palsu kang padha nyusup mlebu, yaiku kang nyusup saprelu ngulat-ulatake kamardikan kita kang kita duweni ana ing Sang Kristus Yesus, supaya kanthi mangkono padha bisa ngawulakake kita.
5 Nanging sathithik bae aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk marang wong-wong mau, supaya kayektene Injil bisa tetep ana ing kowe.
6 Lan mungguh para wong kang kaanggep kajen keringan iku -- kapriye mungguh kelenggahane biyen, iku ora prelu tumrap aku, sabab Gusti Allah ora mawas wong kang kajen iku ora mbubuhi apa-apa maneh marang aku.
7 Nanging kosokbaline, sawuse wong-wong iku padha ngreti manawa aku wus dipracaya martakake Injil marang wong-wong kang ora tetak, padha kaya Petrus kanggo wong-wong kang tetak
8 -- awit Panjenengane kang wus maringi kakuwatan marang Petrus minangka rasul tumrap wong-wong kang tetak, -- Panjenengane uga kang wus maringi kakuwatan marang aku kanggo wong-wong kang ora tetak.
9 Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;