9 Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;
10 mung aku kabeh kudu tansah eling marang wong-wong miskin lan pancen iya iku kang padha dakprelokake kalawan temen-temen.
11 Nanging nalika Kefas teka ing Antiokhia, tanpa tedheng aling-aling dakpadoni, sabab dheweke luput.
12 Awit sadurunge ana wong sawatara saka golongane Yakobus teka, dheweke kembul mangan karo sadulur-sadulur kang ora tetak, nanging satekane wong-wong mau, dheweke mundur lan misah marga wedi marang sadulur kang tetak.
13 Lan para wong Yahudi liyane uga melu-melu tumindak lamis kaya dheweke, dalah Barnabas dhewe iya banjur kelu.
14 Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”
15 Kita sadaya punika tiyang Yahudi asli sanes tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes.