1 He wong Galati kang tanpa budi, sapa ta kang mblithuk kowe? Gusti Yesus Kristus kang kasalib iku rak wus kagambar kanthi cetha wela-wela ana ing ngarepmu ta?
2 Mung iki kang arep dakngreteni saka kowe: Apa anggonmu wus padha nampani Roh iku marga saka nglakoni angger-anggering Toret, apa marga saka pangundhanging pracaya?
3 Nganti samono anggonmu padha tanpa budi. Kowe wus miwiti kalawan Roh, apa kowe saiki arep mungkasi kalawan daging?
4 Apa muspra kabeh kang wus padha kokalami kang samono akehe iku? Masa yen muspra!