16 Anadene kabeh prasetya iku kapangandikakake marang Rama Abraham lan marang turune. Panjenengane ora ngandika: “Marang turun-turune” kang kaya-kaya ateges wong akeh, nanging mung wong siji: “lan marang turunmu”, yaiku Sang Kristus.
17 Karepku yaiku prasetya kang sadurunge wus kaabsahake dening Gusti Allah iku ora bisa dibatalake dening angger-anggering Toret, kang lagi ana sawuse patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatane.
18 Sabab manawa kang kaabsahake dening Gusti Allah iku asale saka angger-anggering Toret, mesthine asale ora saka prasetya; nanging malah marga saka prasetya Gusti Allah wus maringake sih-rahmate marang Rama Abraham.
19 Lha yen mangkono apa tegese angger-anggering Toret iku? Iku ditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepake ing prasetya iku -- lan angger-anggering Toret iku kaparingake lumantar malaekat-malaekat marang astane sawijining pantara.
20 Dene sawijining pantara iku ora mung dadi wakile wong siji bae, mangka Gusti Allah iku siji.
21 Lha yen mangkono apa angger-anggering Toret iku sulaya karo kabeh prasetyaning Allah? Babar pisan ora. Sabab saupama angger-anggering Toret kang kaparingake iku bisa nguripake, mesthine kabeneran iku pancen tuwuh saka angger-anggering Toret.
22 Nanging Kitab Suci wus nggolongake samubarang kabeh marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus prasetya mau kaparingake marang wong kang padha pracaya.