21 Lha yen mangkono apa angger-anggering Toret iku sulaya karo kabeh prasetyaning Allah? Babar pisan ora. Sabab saupama angger-anggering Toret kang kaparingake iku bisa nguripake, mesthine kabeneran iku pancen tuwuh saka angger-anggering Toret.
22 Nanging Kitab Suci wus nggolongake samubarang kabeh marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus prasetya mau kaparingake marang wong kang padha pracaya.
23 Nanging sadurunge tekane pracaya iku, kita kawengku ing pangreksaning angger-anggering Toret, kakurung nganti pracaya iku wus kalairake.
24 Dadi angger-anggering Toret iku minangka pamomong kita nganti Sang Kristus rawuh, supaya kita kaanggep bener marga saka pracaya.
25 Nanging saiki pracaya iku wus teka, dadine kita wus ora kabawah maneh ing pangreksane pamomong.
26 Sabab marga saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowe padha dadi putrane Gusti Allah.
27 Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus, wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.