4 Apa muspra kabeh kang wus padha kokalami kang samono akehe iku? Masa yen muspra!
5 Dadi kapriye saikine, apa Panjenengane kang maringi Roh marang kowe nganti luber lan nindakake mukjijat ana ing antaramu, anggone nindakake mangkono iku, apa marga kowe nglakoni angger-anggering Toret apa marga saka pangundhanging pracaya?
6 Iya kanthi patrap mangkono iku anggone Rama Abraham kumandel marang Gusti Allah, sarta yaiku kang dening Gusti Allah njalari banjur kaanggep bener.
7 Dadi kowe ngreti manawa wong-wong kang urip saka pracaya iku padha dadi putrane Rama Abraham.
8 Lan Kitab Suci, kang sadurunge wus sumurup manawa Gusti Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu wong Yahudi marga saka pracaya, wus luwih dhisik martakake injil marang Rama Abraham: “Iya ana ing sira kabeh bangsa bakal diberkahi.”
9 Dadi wong-wong kang urip saka pracaya, iya iku kang padha diberkahi bebarengan karo Rama Abraham kang kumandel iku.
10 Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”