6 Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika:“Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”
7 Dene tumrap para malaekat Panjenengane ngandika:“Kang ndadekake para malaekate dadi anginsarta para abdine dadi geni kang ngalad-alad.”
8 Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika:“Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”
9 “Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka,pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”
10 Lan maneh:“Dhuh Pangeran, wiwitanipun Paduka ingkang nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.
11 Sadaya punika badhe sirna, nanging Paduka tetep langgengsarta sadaya punika badhe sami luwas kados pangangge;
12 saha badhe Paduka gulung kados jubah,saha sami badhe kasantunan kados pangangge,nanging Paduka punika lestantun sami,saha taun Paduka badhe tanpa wates.”