1 Marga saka iku payo padha ninggal wiwit-wiwitaning dhasar-dhasare piwulang bab Sang Kristus sarta padha nerusake candhake satutuge. Kita aja nganti masang maneh tetalesing pamratobat saka tingkah laku kang muspra, sarta tetalesing pracaya marang Gusti Allah,
2 yaiku piwulang bab warna-warnaning baptis, panumpanging tangan, tangine para wong mati sarta paukuman langgeng.
3 Yaiku kang bakal padha kita lakoni, manawa dadi keparenging Allah.
4 Sabab mungguh wong-wong kang wus tau kapadhangan atine
5 kang wus tau ngrasakake peparinging kaswargan sarta kang wus tau kapanduman Roh Suci, lan kang wus ngrasakake pangandikane Gusti Allah kang utama sarta dayane jagad kang bakal kalakon,
6 nanging kang padha murtad maneh, iku ora bisa dianyarake sapisan engkas, satemah padha mratobat, amarga prasasat nyalib Putrane Allah maneh kanggo awake dhewe, sarta ngremehake Panjenengane ing ngarepane wong akeh.
7 Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;
8 nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.
9 Ewadene, he para kekasihku, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowe, aku padha mesthekake, manawa kowe padha duwe bab-bab kang luwih becik sarta kang isi karahayon.
10 Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.
11 Nanging kang padha dakarep-arep sawiji-wijining panunggalanmu supaya nelakake kataberen kang kaya mangkono iku satemah pangarep-arepmu bisa kagayuh sakatoge, nganti tumeka ing wekasan,
12 supaya kowe aja padha sungkanan, nanging padha nulada marang wong kang awit saka pracaya lan sabar mantep padha oleh panduman apa kang wus kaprasetyakake dening Gusti Allah.
13 Awitdene nalika Gusti Allah maringake prasetyane marang Rama Abraham, banjur supaos demi Panjenengane piyambak, sarehne ora ana manungsa kang ngungkuli Panjenengane,
14 pangandikane: “Ing sayektine sira bakal Sunberkahi nganti luber sarta sira bakal Suntangkarake dadi akeh banget.”
15 Rama Abraham ngentosi kanthi sabar sarta marga saka mangkono banjur tampa apa kang kaprasetyakake.
16 Mungguh manungsa iku anggone supaos demi kang luwih luhur sarta supata iku minangka pikukuhe, kang mungkasi sakehing padudon.
17 Marga saka iku luwih ngyakinake marang wong-wong kang nduweni hak nampani prasetya iku ing bab teteping putusane, Gusti Allah wus nanggel kanthi supaos,
18 supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pagnarep-arep kang kagantungake.
19 Dene pangarep-arep iku minangka jangkaring nyawa kita kang kukuh lan santosa, kang wis ditibakake tekan saburining gubah,
20 kang wus dilebeti dening Gusti Yesus minangka Pangirid kita, kang jumeneng Imam Agung langgeng manut tatane Sang Melkisedhek.