1 Anadene mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancen ana pranatan-pranatane ing bab pangibadah sarta ing bab pasucen gaweaning manungsa.
2 Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.
3 Ing saburine gubah kang kapindho ana tarube maneh siji kang diarani pasucen kang pinunjul.
4 Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,
5 lan ing sadhuwure ana kerube kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kita critakake kanthi wijang.
6 Iya mangkono iku anggone nata papan kang suci iku. Dene para imam tansah lumebu ing perangan tarub kang ngarep prelu nindakake pangibadahe,
7 nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.
8 Kalawan mangkono iku Sang Roh Suci anggone nelakake manawa dalan menyang papan suci durung kawengakake, salawase tarub kang ngarep iku isih ana.
9 Iku minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Miturut saka iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosake, kang ora bisa ndadekake sampurnane wong-wong kang nyaosake manut rumangsaning atine,
10 marga kabeh kang wujud pangan lan omben-omben sarta pisungsung warna-warna iku mung tatanan tata lair bae, kang mung tumindak nganti tumekane jaman pambangunan.
11 Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kalakon. Panjenengane wus nglangkungi tarub kang luwih gedhe sarta kang luwih sampurna kang ora kayasa dening tanganing manungsa, -- tegese dudu panunggalane kang tumitah iki --,
12 sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.
13 Jalaran, manawa getihing wedhus lanang sarta getihing sapi lanang lan kepyuraning awune pedhet iku ndadekake sucine wong kang najis, satemah padha kasucekake tata lair,
14 mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?
15 Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise prajanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.
16 Jalaran manawa ana layang wasiyat, ing kono kudu dipratelakake matine kan gawe wasiyat iku.
17 Sabab sawijining layang wasiyat iku lagi bisa sah, manawa kang gawe wasiyat iku wus ngajal, sabab wasiyat iku ora tumindak, salawase kang gawe wasiyat mau isih urip.
18 Yaiku sababe, dene prajanjian kang wiwitan ora disahake tanpa getih.
19 Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,
20 kalawan ngandika: “Iki getihing prajanjian kang katetepake dening Allah tumrap kowe.”
21 Mangkono uga tarube lan sakehe piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.
22 Sarta manut angger-anggering Toret meh samubarang kabeh karesikake srana getih sarta ora ana pangapura manawa tanpa wutahing getih.
23 Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.
24 Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.
25 Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.
26 Jalaran manawa mangkono Gusti kudu bola-bali anggone nandhang sangsara wiwit jagad iki dititahake. Nanging saiki Panjenengane mung sapisan anggone nglairake sarirane, yaiku ing jaman wekasan, prelu mbirat dosa srana kurbane piyambak.
27 Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,
28 mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.