17 sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.”
18 Dadi manawa iku kabeh wus kaapura, ora prelu ana kurban maneh kang kudu kasaosake marga saka dosa.
19 Kang iku para sadulur, srana rahe Gusti Yesus ing samengko kita bisa lumebu ing papan pasucen kanthi kebak ing kakendelan,
20 amarga Panjenengane wus ngwengani kita dalan kang anyar sarta urip metu ing gubah, yaiku sarirane piyambak,
21 lan kita duwe Imam Agung kang ngepalani padalemane Gusti Allah.
22 Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kiat wus kaedusan kanthi banyu kang resik.
23 Dikukuh anggon kita padha ngandhemi sahadating pangarep-arep, jalaran Panjenengane, kang mrasetyakake iku tuhu setya.