24 Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.
25 Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.
26 Jalaran manawa sawise tampa kawruh ing bab kayekten kita njarag gawe dosa, mesthi ora ana kurban maneh kanggo mbirat dosa iku.
27 Ananging kang ana yaiku panganti marang paukuman kang nggegirisi sarta geni kang mulad-mulad kang bakal ngobong sakehing wong kang duraka.
28 Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.
29 Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.
30 Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika:“Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.”Sarta maneh:“Pangeran bakal ngadili umate.”