27 Ananging kang ana yaiku panganti marang paukuman kang nggegirisi sarta geni kang mulad-mulad kang bakal ngobong sakehing wong kang duraka.
28 Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.
29 Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.
30 Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika:“Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.”Sarta maneh:“Pangeran bakal ngadili umate.”
31 Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.
32 Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,
33 iya nalika kowe padha kagawe tontonan anggonmu diwewada sarta dianiaya, iya nalika nglabuhi marang wong kang padha digawe kaya mangkono mau.