4 Sabab mokal manawa getihing sapi lanang utawa getihing wedhus lanang bisa mbirat dosa.
5 Mulane nalika Panjenengane rawuh ing jagad, matur:“Kurban saha pisungsung boten Paduka karsakaken-- nanging Paduka sampun nyawisaken badan dhateng Kawula --
6 Kurban obaran saha kurban pambirating dosaboten ndadosaken kepareng Paduka.
7 Kawula lajeng munjuk:Lah punika Kawula sowan;ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipunbab Kawula supados nglampahi karsa Paduka,dhuh Gusti Allah Kawula.”
8 Sakawit Panjenengane matur: “Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami boten Paduka karsakaken sarta boten ndadosaken kepareng Paduka.” -- sanadyan kapisungsungaken manut angger-anggering Toret --.
9 Nuli matur mangkene: “Lah punika, Kawula sowan, badhe nglampahi karsa Paduka.” Sing wiwitan kasuwak dening Panjenengane, supaya kang kapindho bisa tumindak.
10 Iya marga karsane iki, kita wus disucekake sapisan kanggo salawas-lawase srana kurban sarirane Gusti Yesus Kristus.