20 Marga saka pracaya Rama Iskak anggone mberkahi marang Yakub sarta Esau kanthi mirsani kang bakal kalakon.
21 Marga saka pracaya Rama Yakub, nalika ndungkap bakal sedane, mberkahi putrane Sang Yusuf sakarone, banjur sujud kanthi tumungkul in bongkoting lantarane.
22 Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf nalika ndungkap ing sedane martakake bab bakal budhale Banisrael sarta paring piweling bab layone.
23 Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose, diumpetake dening rama-ibune lawase telung sasi, amarga padha nguni-ngani, manawa bayi iku bagus rupane sarta ora wedi marang prentahe Sang Prabu.
24 Marga saka pracaya Nabi Musa nalika wus diwasa ora karsa sinebut putrane Sang Prabu Pringon,
25 jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa
26 sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.