36 Ana maneh kang dipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibanda sarta dikunjara.
37 Padha dibenturi watu, digraji, dipateni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo lulang wedhus gembel lan lulang wedhus jawa, padha kacingkrangan, disangsara sarta dikaniaya.
38 Donya iki ora pantes tumrap wong-wong iku. Padha nglambrang ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.
39 Sarta wong iku kabeh padha ora tampa apa kang kaprasetyakake iku, sanadyan pracayane wus aweh paseksen kang becik tumrap wong-wong iku.
40 Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan.