22 Sarta kowe padha dakpituturi, para sadulur, tembung-tembung pepeling iki padha tampanana kalawan eklasing ati, sanadyan layangku marang kowe iki cekak.
23 Wruhanamu, manawa sadulur Timoteus, iya sadulur kita, wus mangkat. Samasa iku wus teka, aku arep enggal niliki kowe kabeh bareng dheweke.
24 Salam pandongaku tumekaa marang sakabehe pangiridmu sarta marang para suci kabeh. Tampanana salame para sadulur ing Italia.
25 Sih-rahmat nunggila ing kowe kabeh.