3 Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.
4 Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.
5 Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”
6 Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap:“Gusti Allah kang mitulungi aku.Aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”
7 Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge arta padha nulada ing pracayane.
8 Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.
9 Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.