1 Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kiat akoni, iya iku Gusti Yesus,
2 kang setya marang kang wis njumenengake, kayadene Nabi Musa kang setya ing sapadalemane kabeh.
3 Jalaran Panjenengane kaanggep sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Nabi Musa, padha kayadene kang gawe omah luwih kajen tinimbang omah gegaweane.
4 Amarga saben omah digawe dening sawijining ahli gawe omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabeh iku Gusti Allah.
5 Karodene Nabi Musa pancen tumemen ana ing padalemane Allah kayadene pelados, supaya paring paseksen ing bab apa kang ing tembe bakal dipangandikakake,
6 ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.