4 Amarga saben omah digawe dening sawijining ahli gawe omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabeh iku Gusti Allah.
5 Karodene Nabi Musa pancen tumemen ana ing padalemane Allah kayadene pelados, supaya paring paseksen ing bab apa kang ing tembe bakal dipangandikakake,
6 ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.
7 Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakake dening Roh Suci:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane,
8 aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan,
9 ing kono leluhurira padha nyoba marang Ingsun, kanthi cara ndadar Ingsun,sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningSun,
10 lawase patang puluh taun.Yaiku sababe Ingsun duka marang golongan iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atine,sarta padha ora nyumurupi marginingSun,