2 Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.
3 Amarga kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing palereman, kaya kang kapangandikakake dening Panjenengane:“Temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun:Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing paleremaningSun”,sanadyan pakaryane wus rampung wiwit nalika dumadining jagad.
4 Amarga bab dina kapitu iku wus tau kapangandikakake ana ing sawijining nas: “Lan ing dina kapitu Gusti Allah kendel saka pakaryane kabeh.”
5 Sarta ing sajrone nas iku, kita maca: “Wong-wong iku ora bakal lumebu ing paleremaningSun.”
6 Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.
7 Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”
8 Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.