5 Sarta ing sajrone nas iku, kita maca: “Wong-wong iku ora bakal lumebu ing paleremaningSun.”
6 Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.
7 Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”
8 Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.
9 Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umate Gusti Allah.
10 Awit sing sapa wis lumebu ing papan paleremane Allah, wong iku dhewe wis leren saka sakehing pagaweane, padha kaya Gusti Allah anggone kendel saka pakaryane.
11 Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.