1 Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa.
2 Panjenengane kudu bisa melu ngraosake kaanane para wong bodho lan para wong kang kesasar, amarga panjenengane piyambak uga kebak ing kaapesan,
3 kang ngudokake saos kurban tumrap dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengane piyambak.
4 Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.
5 Mangkono uga Sang Kristus ora mulyakake sarirane piyambak sarana jumeneng Imam Agung, nanging kamulyakake dening Panjenengane kang mangandikani:“Sira iku PutraningSun!Sira wus Sunputrakake ing dina iki,”
6 iya kaya pangandikane ing ayat liyane maneh mangkene:“Sira iku dadi Imam salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”
7 Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.