12 Sabab, manawa salin kaimaman, samesthine angger-anggering Toret bakal salin uga.
13 Sabab Panjenengane, kang dikarepake ing kene iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau ngladeni ing misbyah.
14 Amarga wus disumurupi dening kabeh wong, manawa Gusti kita iku trah saka Yahuda; dene tumrap taler iki Nabi Musa ora tau mangandikakake apa-apa bab kaimaman.
15 Sarta bab iku saya tetela maneh, manawa ana imam liyane kang jumeneng manut tatane Sang Melkisedhek,
16 kang dadi imam ora alandhesan pranataning manungsa, nanging alandhesan urip kang ora bisa lebur.
17 Sabab tumrap Panjenengane ana paseksen mangkene:“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”
18 Pancen, sawijining tatanan kang kapacak dhisik iku dibatalake, manawa ora nduweni kakuwatan sarta tanpa guna,