15 Sarta bab iku saya tetela maneh, manawa ana imam liyane kang jumeneng manut tatane Sang Melkisedhek,
16 kang dadi imam ora alandhesan pranataning manungsa, nanging alandhesan urip kang ora bisa lebur.
17 Sabab tumrap Panjenengane ana paseksen mangkene:“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase,manut tatane Melkisedhek.”
18 Pancen, sawijining tatanan kang kapacak dhisik iku dibatalake, manawa ora nduweni kakuwatan sarta tanpa guna,
19 -- sabab angger-anggering Toret iku babar pisan ora nggawa kasampurnan -- nanging saiki kathukulake pangarep-arep kang luwih prayoga, kang nyaketake kita kalawan Gusti Allah.
20 Sarta kayadene bab iki anggone dumadi ora tanpa supata -- wong-wong iku anggone dadi imam pancen tanpa supata,
21 nanging Panjenengane nganggo supaos, kang dilairake dening Panjenengane, kang ngandika:“Pangeran wus supaos sarta Panjenengane ora bakal keduwung:Sira iku Imam ing salawas-lawase” --