7 Pancen wis ora kena dipadoni, manawa kang luwih asor diberkahi dening kang luwih luhur.
8 Sarta ana ing kene kang tampa prasapuluhan iku wong kang padha kena ing pati, dene ana ing kana Panjenengane, kang kaseksenan manawa gesang.
9 Malah kena dikandhakake: Lewi kang wenang nampani pisungsung iku iya saos pisungsung lantaran Rama Abraham,
10 amarga Lewi isih ana ing garbane leluhure nalika Sang Melkisedhek methukake leluhure mau.
11 Marga saka iku, saupama kaimamane Lewi wis ngolehake kasampurnan -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israel wis tampa Toret -- apa sababe dene isih ana Imam Agung liyane kang katetepake manut tatane Sang Melkisedhek sarta ora kasebut manut tatane Imam Agung Harun?
12 Sabab, manawa salin kaimaman, samesthine angger-anggering Toret bakal salin uga.
13 Sabab Panjenengane, kang dikarepake ing kene iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau ngladeni ing misbyah.