1 Wose apa kang kita rembug iku mangkene: kita padha duwe Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengene dhampare kang Mahaagung ing swarga,
2 sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.
3 Jalaran saben Imam Agung kapatah nyaosake kurban sarta pisungsung, mulane Gusti Yesus uga prelu kagungan kang dipisungsungake.
4 Saupama Panjenengane ana ing bumi iki, Panjenengane babar pisan ora bakal jumeneng Imam, amarga ing kene wus ana para imam kang padha nyaosake pisungsung manut angger-anggering Toret.