Ibrani 8:5-11 JAV

5 Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”

6 Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur.

7 Sabab yen ta prajanjian kang dhisik iku tanpa cacad, ora bakal digolekake panggonan maneh kanggo kang kapindho.

8 Dene anggone nacad wong-wong iku nalika Panjenengane ngandika:“Satemene, bakal tumeka ing wektune,” mangkono pangandikane Pangeran,“Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turune Israel sarta turune Yahuda,

9 ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir.Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.

10 “Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran.“Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine,sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.

11 Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang maneh marang pepadhane warga utawa marang pepadhane sadulur kanthi ngucap:Wanuha marang Pangeran! Amarga kang cilik dalah kang gedhe kabeh bakal padha wanuh marang Ingsun.