9 ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir.Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.
10 “Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran.“Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine,sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.
11 Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang maneh marang pepadhane warga utawa marang pepadhane sadulur kanthi ngucap:Wanuha marang Pangeran! Amarga kang cilik dalah kang gedhe kabeh bakal padha wanuh marang Ingsun.
12 Awitdene Ingsun bakal nandukake sih-piwelas marang kaluputane sarta ora bakal ngengeti marang dosa-dosane.”
13 Sarehne Panjenengane ngandika bab prajanjian anyar, mulane iya mratelakake manawa kang dhisik iku prajanjian kang wis dadi lawas, sarta apa kang dadi lawas lan kawak iku wis cepak sirnane.