2 Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.
3 Ing saburine gubah kang kapindho ana tarube maneh siji kang diarani pasucen kang pinunjul.
4 Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,
5 lan ing sadhuwure ana kerube kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kita critakake kanthi wijang.
6 Iya mangkono iku anggone nata papan kang suci iku. Dene para imam tansah lumebu ing perangan tarub kang ngarep prelu nindakake pangibadahe,
7 nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.
8 Kalawan mangkono iku Sang Roh Suci anggone nelakake manawa dalan menyang papan suci durung kawengakake, salawase tarub kang ngarep iku isih ana.