1 Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.
2 Yokanan wus nekseni bab pangandikane Gusti Allah lan bab paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus Kristus, yaiku sabarang apa kang wus dideleng.
3 Rahayu wong kang macakake lan para wong kang ngrungokake pangandika pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulisan ing jerone, awit wektune wis cedhak.
4 Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,