Wahyu 19 JAV

Kekidungan ing bab rusake kutha Babil

19:1-5

1 Sawuse mangkono aku krungu swara sora kaya swarane wong golongan gedhe ana ing swarga, pangucape:“Haleluya!Karahayon lan kamulyan sarta panguwaos punika wonten ing Allah kita,

2 awitdene leres lan patitis pangadilanipun,amargi Panjenenganipun ingkang sampun ngadili wanita tunasusila ageng,ingkang ngrisak bumi srana lampahipun jina;sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahipun para abdinipun dhateng wanita punika.”

3 Tumuli padha ngucap kang kaping pindhone:“Haleluya!Wondene peganipun punika kumelun langgeng salami-laminipun.”

4 Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk:“Amin, Haleluya!”

5 Tumuli keprungu swara saka ing dhampar:“Padha saosa puji marang Allah kita,he para abdi kabeh,sira kang padha wedi-asih marang Panjenengane,kang cilik lan kang gedhe!”

Bujana pikramane Sang Cempe

19:6-10

6 Aku banjur krungu kaya swarane wong golongan gedhe, kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya swarane gludhug kang banter, tembunge:“Haleluya!Dene Pangeran, Allah kita, Kang Mahakuwaos, wus jumeneng raja.

7 Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena,lan ngluhurake Panjenengane!Amarga wis tekan ing dina pikramane Sang Cempe,lan panganten putri wis rumantos.

8 Sarta pangantene putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!”(Anadene mungguh mori alus iku ngibarati kautamane para suci).

9 Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”

10 Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”

Sabdaning Allah

19:11-16

11 Aku banjur weruh swarga menga: lah, ana sawijining jaran putih; dene asmane kang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.” Panjenengane ngadili lan merangi kalawan adil.

12 Tingale kaya urubing geni lan mustakane ngagem makutha akeh, sarta Panjenengane ngagem ciri seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung sarirane piyambak.

13 Pangagemane rasukan jubah kang wus kacelup ing getih, sarta asmane kasebut: “Sabdaning Allah.”

14 Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.

15 Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.

16 Anadene jubahe, lan wentise tinulisan asma: “Ratune para ratu lan Gustine para gusti.”

Si kewan lan nabine kakalahake

19:17-21

17 Aku tumuli weruh malaekat jumeneng ana ing srengenge, sarta nguwuh kalawan swara sora marang sakehe manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhe: “Mrenea, padha nglumpuka ing bujanane Gusti Allah, bujana kang gedhe,

18 padha mangana daginge para ratu, lan daginge para tetindhihing perang sarta daginge para pahlawan, apadene daginge jaran lan kang padha nunggangi sarta daginge sarupaning wong, kang mardika lan batur tukon, wong cilik lan wong gedhe.”

19 Aku tumuli weruh si kewan iku lan para ratu ing bumi sabalane padha nglumpuk nglawan perang marang Kang Nitih turangga lan sabalane mau.

20 Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.

21 Dene liyane padha kapatenan dening Kang Nitih turangga sarana pedhang, kang metu saka ing tutuke; sakehe manuk padha wareg anggone mangani daginge.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22