Wahyu 4 JAV

Pinituwa patlikur lan makluk papat

4:1-11

1 Sawuse mangkono aku weruh: Lah, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wus dakrungu biyen, ngandikani aku kaya swarane kalasangka, mangkene: “Sira munggaha mrene bakal Suntedahi apa kang sawuse iki pinesthi kalakon ing tembe.”

2 Padha sanalika aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar kapasang, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.

3 Kang lenggah ing dhampar iku sawangane kaya sesotya yaspis lan sardhis; lan ing saubenge dhampar ana kluwunge kang katon sumunar kaya jumerud.

4 Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.

5 Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.

6 Karodene ing ngarepe dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahe dhampar lan ing saubenge ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.

7 Dene makluk mau kang kapisan kaya singa, kang kapindho kaya pedhet, kang katelu iku raine kaya manungsa, lan kang kapate kaya manuk garudha mabur.

8 Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene:“Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”

9 Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengane kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawase,

10 para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk:

11 “Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22