6 Seksi loro mau padha duwe panguwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajrone padha medhar wangsit; lan padha duwe panguwasa ing ngatase sakehing banyu bisa kadadekake getih; sarta nggebug bumi kalawan sawarnaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepe.
7 Anadene samangsa wus rampung anggone padha nglairake paseksene, tumuli kewan kang muncul saka ing teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahake lan dipateni.
8 Layone bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhe, kang cara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonane Gustine kasalib.
9 Karodene panunggalane para bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan, padha nonton layone lawase telu satengah dina lan wong-wong iku ora nglilani layone dikubur.
10 Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apadene padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabeh wong kang manggon ana ing bumi.
11 Sawuse telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layon mau, temahan kang mati banjur padha tangi, agawe banget girise wong kang padha weruh.
12 Wong-wong mau tumuli padha krungu swara seru saka ing swarga mangandikani: “Padha munggaha mrene!” Banjur padha munggah menyang ing langit, katutupan mega, kadeleng dening para satrune.