15 Si ula banjur nyemburake banyu kaya kali saka ing cangkeme, disusulake marang wanita mau, supaya kelia ing kali kono.
16 Nanging sang wanita ditulungi dening bumi. Bumi iku ngangapake cangkeme, lan nguntal kali kang disemburake dening cangkeme naga mau.
17 Si naga tumuli nepsu banget marang sang wanita, banjur lunga merangi turune liyane, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi ing paseksene Gusti Yesus,
18 lan banjur manggon ana ing pinggir sagara.