1 Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.
2 Kewan kang dakdeleng iku rupane kaya macan tutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkeme kaya cangkem singa. Iku banjur diwenehi kasekten dening naga mau, lan dhampar tuwin panguwasane kang gedhe.
3 Aku nuli ndeleng endhase kang siji iku kaya ana tatune kang mbebayani tumrap uripe, nanging tatune banjur waras. Temah wong sadonya padha kaeraman, banjur ngetut buri kewan iku.
4 Wong-wong mau padha sujud marang naga mau, awit wus menehake panguwasane marang kewan iku. Karodene wong-wong mau padha sujud marang si kewan kalawan pangucape: “Sapa kang madhani kewan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perang?”
5 Si kewan banjur kaparingan cangkem, kang kebak kumlungkung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan panguwasa nglakoni mangkono iku lawase patang puluh loro sasi.
6 Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.