6 Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.
7 Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.
8 Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.
9 Sapa kang duwe kuping, ngrungokna!
10 Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinesthi kapatenan sarana pedhang, iku bakal kapatenan sarana pedhang.Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan pracayane wong-wong suci.
11 Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul saka sajroning bumi, sungune loro kaya Sang Cempe lan calathune kaya si naga.
12 Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.