Wahyu 14:9-15 JAV

9 Tumuli ana malaekat liya, kang katelune nusul, pangandikane kanthi swara sora: “Manawa ana wong kang sujud marang si kewan lan marang recane iku, tuwin nampani ciri ana ing bathuke utawa ing tangane,

10 iku bakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah, kang wus kasadhiyakake tanpa campuran ana ing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepe para malaekat suci lan ing ngarsane Sang Cempe.

11 Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”

12 Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus.

13 Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”

14 Aku banjur weruh: lah, ana mega putih, lan ing mega mau ana kang lenggah kaya Putrane Manungsa, mustakane ngagem makutha mas lan astane ngasta arit kang landhep.

15 Tumuli ana malaekat liyane medal saka ing Padaleman Suci; sarta munjuk kalawan swara seru marang Panjenengane kang lenggah ing mega mau: “Gusti mugi nglampahaken arit Paduka sarta mugi kaenenana, amargi sampun dumugi mangsanipun ngeneni; ujer panenan ing bumi sampun sepuh.”