3 Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine:“Agung saha elok pakaryan Paduka,dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos!Adil saha leres margi Paduka punika,dhuh Ratunipun sadaya bangsa!
4 Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih,saha boten ngluhuraken Asma Paduka?Awit namung Paduka piyambak ingkang suci;amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowansarta nyembah sujud dhateng Paduka,sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”
5 Sawuse mangkono aku tumuli weruh wong ngengakake Padaleman Suci -- tarub paseksen -- ing swarga.
6 Sarta malaekat pitu kang mbekta wewelak pitu mau, padha miyos saka ing padaleman Suci, ngagem lawon putih resik tuwin gumilap lan jajane apaningset mas.
7 Makluk siji ing antarane makluk papat mau tumuli ngulungake bokor mas pitu marang malaekat pitu mau, kabeh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawase.
8 Padaleman Suci mau tumuli kebak pega awit saka kaluhurane lan panguwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurunge wewelak pitu kang kaasta dening malaekat pitu mau rampung.